Sabtu, 05 Mei 2012

Geguritan


IBU

Ibu panjenengan sedayanipun
Kangge kula..
Ingkang ngancani kanthi setya
Lan sedaya katresnanipun
Panjengan ingkang kerep ngancani
Dinten-dinten kula

                     Sedaya tresnamu
                     Sanget tulus jro ning ati
                     Dekapan panjenengan inking
                     Kerep jro ning ati
                     Panjenengan sanget spaesial
                     Kangge kula

Namung panjenengan
Ingkang bisa mangertos
Ing wonten jro ning ati
Sedaya tresna lan kagem kula
Kadhas salju putih suci lan resik..
                                        
(Dening ayu pangerti)
Kelas xc SMA Negri1 Godean

Drama Bahasa Jawa


SETAN DUDU?

Ing wayah magrib, Rimbi lewat ing dalan kang sepi. Dheweke krungu ana bocah cilik nangis nggerong-nggerong. Rimbi keweden, bingung kuwi ki uwong apa dudu.
Arimbi     : Lamit-lamit, nuwun sewu, kula mboten nggangu.
Krungu Arimbi lamit-lamit, Rita grenengan karo kembik-kembik.
Rita          : Sapa ta kuwi? (Rita ngungak) Oalah… mbak Arimbi ta. Kadingaren tenan mbak Arimbi liwat kene karo nuwun sewu barang, biasane amung mlaku nggleler. Kaya ana setan wae…  Wadhuh, gek-gek aku dikira setan. Mbak Arimbi…
Rita nyelukake Arimbi nganti sero banget. Arimbi kaget, lakune dicepetake. Anggone Rita nyeluk saya sero.
Rita          : Mbak Arimbi … Mbak Arimbi… iki aku, Rita.
Arimbi mandheg, Rita nyusul ana ing samburine.
Arimbi     : Sing nangis mau kowe ta Rit, dak kira ki ana thuyul kelangan majikane. Tiwas mlayu jebul amung kowe.
Rita          : lha mbak Arimbi ki saka ngendi arep nang ngendi, magrib-magrib ngene kok metu saka omah.
Arimbi     : Aku ki arep golek panganan Rit, mau aku ajar masak kok ya lali lengane entek, tur sayurane ya ora ana, yauwis mendhing aku tuku panganan wae. Kowe mau ngapa kok nangis?
Rita          : Anu mbak, anu…
Nalika Arimbi arep nyauri, dheweke weruh ana sing semampir ing wit jambu. Dheweke langsung nggeret Rita lunga saka kono.
Arimbi     : Ayo Rit, cepet.
Rita          : Lho…lho..lho.. arep nendi ta mbak, aku kok digeret-geret ngene.
Arimbi     : wis ta, cepet. Rasah takon.
Arimbi lan Rita lunga pinuju omahe Arimbi. Ing dalan cedhak omahe Sari, Arimbi lan Rita ketemu Sari.
Sari           : Arimbi, Rita, padha arep nendi kok kesusu temen, mbok mampir dhisik.
Rita          : Eh… mbak Sari, mbuh ki, mbak Arimbi kok ngerti-ngerti ngejak lunga.
Arimbi mangsuli karo menggeh-menggeh.
Arimbi     : Ngene lho Sar, mau aku arep tuku panganan nang nggone mbah Dwijo, ananging nang dalan kono kae (Arimbi nuding-nuding) aku krungu bocah nangis. Lha magrib-magrib ana sing nangis ki dak kira thuyul, aku ya mlayu ta Sar. Eeh, jebule thuyule ki Rita. Lha pas aku lagi omong-omongan karo Rita, kok aku weruh ana sing semampir ing ringin pinggir dalan kae. Aku wedi, terus rene.
Sari           : Lha kowe ki ngapa kok nangis Rit?
Rita          : Gelangku ilang mbak, piye aku ora nangis?
Sari           : Gelang? Lha sing nang sikilmu kuwi apa?
Rita          : Wih… iya iki gelangku.
Sari           : Rita… Rita… ijih cilik kok wis lalen. Makane, yen gelng kuwi panggonane nang tangan ya aja didelehke sikil, bingung ta dadine?
Rita          : iya.. iya.. mbak.
Lagi omong-omongan, ana uwong cacah loro mlaku karo ngguyu cekakakan. Saka kadohan wis ketok, uwong loro kuwi yaiku Darso lan Timin, uwong kang wus kasuwur seneng nggarapi uwong liya.
Rita          : Mas Darso, Mas Timin, saka ngendi? Kok ngguyu cekakakan, emange sapa sing dadi korbanmu saiki?
Darso      : Ha..ha..ha..ha, lha kowe mau weruh ta, mbak ayu mu keweden ngana ?
Arimbi anyel banjur njewer kupinge Darso lan Timin.
Arimbi     : Dadi mau sing semampir nang ringin mau kowe ta?
Darso      : Adhuh.. adhuh… wis ta, kupungiku lara banget gilo.
Timin       :Ha’a Rim, uwis aja dijewer ta. Mau aku karo Darso sakjane ora arep nggarapi kowe kok,aku arep nggarapi Rita, sapa akon ,nangis magrib-magrib dhewe. Ananging kowe liwat, malah kowe sing weruh, Rita dadi ora weruh ta.
Drijine Arimbi isih tememplek ing kupinge Darso lan Timin, ananging uwis rada kendho.
Sari           : Uwis ta rim, benke wae, pancen padha ora kena dipenging kok.
Arimbi     : Ya uwis, ora papa. Ananging yen sesuk isih nggarapi aku meneh, awas kowe. Wis, aku wis luwe, mangan bareng-bareng nang warunge Mbah Dwijo wae yo, njaluk dibayari Darso wae.
Rita, Sari,lan Timin           : Makan-makan? Siap…
Darso      : Wah, yen ngene aku isa thekor.
Arimbi     : ya pisan-pisan Dar, njajakke kanca.
Arimbi, Rita, Darso, Sari, lan Timin mangkat nang warunge mbah Dwijo.

Geguritan


“NELANGSA”

Saiki uripku ora apik
Kabeh-kabeh ora ana sik bener

Ragaku saiki nelangsa
Ora ana sik ngerteni aku

Urip kaya apa iki ?
Ora jelas, nganti saiki

Aku pengen uripku apik
Ora kaya ngene !

Ngopo karo uripku iki
Kok terus-terusan kaya ngene ?

Nelangsa-nelangsa,
Nasibku iki pancen nelangsa

                           ( Ayu Pangerti, Xc )
       SMA NEGERI 01 GODEAN

Geguritan


Pahit ning atie

Rasa opo iki sik ning atiku
Rasane kaya mangkel tenan
Atiku iki ngrasa, Ora ana sik apikan karo aku
Ngopo koe ngono kui karo aku
Aku salah opo, Merga ngopo aku iki,
Kok aku disengiti, Atiku mangkel-mangkel,
Merga ulahmu sik ora apik karo aku

(Dening : Ayu pangerti, Xc SMAGO)

Kamis, 03 Mei 2012

pantun pendidikan

banyak model ditelent agensi
banyak aksi banyak gaya
tetap semangat menuju prestasi
membanggakan indonesia raya


kasih ibu kepada beta
tak terhingga sepanjang masa
banggalah kepada indonesia
karena indonesia banyak karya