SETAN DUDU?
Ing wayah magrib,
Rimbi lewat ing dalan kang sepi. Dheweke krungu ana bocah cilik nangis
nggerong-nggerong. Rimbi keweden, bingung kuwi ki uwong apa dudu.
Arimbi : Lamit-lamit, nuwun sewu, kula mboten
nggangu.
Krungu Arimbi lamit-lamit, Rita grenengan
karo kembik-kembik.
Rita : Sapa ta kuwi? (Rita ngungak) Oalah…
mbak Arimbi ta. Kadingaren tenan mbak Arimbi liwat kene karo nuwun sewu barang,
biasane amung mlaku nggleler. Kaya ana setan wae… Wadhuh, gek-gek aku dikira setan. Mbak Arimbi…
Rita nyelukake Arimbi nganti sero banget. Arimbi kaget,
lakune dicepetake. Anggone Rita nyeluk saya sero.
Rita : Mbak Arimbi … Mbak Arimbi… iki aku, Rita.
Arimbi mandheg, Rita nyusul ana ing
samburine.
Arimbi : Sing nangis mau kowe ta Rit, dak kira ki
ana thuyul kelangan majikane. Tiwas mlayu jebul amung kowe.
Rita : lha mbak Arimbi ki saka ngendi arep
nang ngendi, magrib-magrib ngene kok metu saka omah.
Arimbi : Aku ki arep golek panganan Rit, mau aku
ajar masak kok ya lali lengane entek, tur sayurane ya ora ana, yauwis mendhing
aku tuku panganan wae. Kowe mau ngapa kok nangis?
Rita : Anu mbak, anu…
Nalika Arimbi arep
nyauri, dheweke weruh ana sing semampir ing wit jambu. Dheweke langsung nggeret
Rita lunga saka kono.
Arimbi : Ayo Rit, cepet.
Rita : Lho…lho..lho.. arep nendi ta mbak,
aku kok digeret-geret ngene.
Arimbi : wis ta, cepet. Rasah takon.
Arimbi lan Rita lunga
pinuju omahe Arimbi. Ing dalan cedhak omahe Sari, Arimbi lan Rita ketemu Sari.
Sari : Arimbi, Rita, padha arep nendi kok
kesusu temen, mbok mampir dhisik.
Rita : Eh… mbak Sari, mbuh ki, mbak Arimbi
kok ngerti-ngerti ngejak lunga.
Arimbi mangsuli karo menggeh-menggeh.
Arimbi : Ngene lho Sar, mau aku arep tuku panganan
nang nggone mbah Dwijo, ananging nang dalan kono kae (Arimbi nuding-nuding) aku
krungu bocah nangis. Lha magrib-magrib ana sing nangis ki dak kira thuyul, aku
ya mlayu ta Sar. Eeh, jebule thuyule ki Rita. Lha pas aku lagi omong-omongan
karo Rita, kok aku weruh ana sing semampir ing ringin pinggir dalan kae. Aku
wedi, terus rene.
Sari : Lha kowe ki ngapa kok nangis Rit?
Rita : Gelangku ilang mbak, piye aku ora
nangis?
Sari : Gelang? Lha sing nang sikilmu kuwi
apa?
Rita : Wih… iya iki gelangku.
Sari : Rita… Rita… ijih cilik kok wis
lalen. Makane, yen gelng kuwi panggonane nang tangan ya aja didelehke sikil,
bingung ta dadine?
Rita : iya.. iya.. mbak.
Lagi omong-omongan,
ana uwong cacah loro mlaku karo ngguyu cekakakan. Saka kadohan wis ketok, uwong
loro kuwi yaiku Darso lan Timin, uwong kang wus kasuwur seneng nggarapi uwong
liya.
Rita : Mas Darso, Mas Timin, saka ngendi?
Kok ngguyu cekakakan, emange sapa sing dadi korbanmu saiki?
Darso : Ha..ha..ha..ha, lha kowe mau weruh ta,
mbak ayu mu keweden ngana ?
Arimbi anyel banjur njewer kupinge Darso lan
Timin.
Arimbi : Dadi mau sing semampir nang ringin mau
kowe ta?
Darso : Adhuh.. adhuh… wis ta, kupungiku lara
banget gilo.
Timin :Ha’a Rim, uwis aja dijewer ta. Mau aku
karo Darso sakjane ora arep nggarapi kowe kok,aku arep nggarapi Rita, sapa akon
,nangis magrib-magrib dhewe. Ananging kowe liwat, malah kowe sing weruh, Rita
dadi ora weruh ta.
Drijine Arimbi isih tememplek ing kupinge
Darso lan Timin, ananging uwis rada kendho.
Sari : Uwis ta rim, benke wae, pancen
padha ora kena dipenging kok.
Arimbi : Ya uwis, ora papa. Ananging yen sesuk
isih nggarapi aku meneh, awas kowe. Wis, aku wis luwe, mangan bareng-bareng
nang warunge Mbah Dwijo wae yo, njaluk dibayari Darso wae.
Rita,
Sari,lan Timin : Makan-makan?
Siap…
Darso : Wah, yen ngene aku isa thekor.
Arimbi : ya pisan-pisan Dar, njajakke kanca.
Arimbi, Rita, Darso, Sari, lan Timin mangkat
nang warunge mbah Dwijo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar